Kishore Kumar Hits

Waldjinah - Dongengan текст песни

Исполнитель: Waldjinah

альбом: The Legend Waldjinah


Sinten purun kulo dongengi
Dongenge sedulur ndeso
Sugih sawah lan sugih pari
Ayeman ati, ora murko
Ageng labuhe dhateng negari
Rupo harto lan rupo bondho
Jaman gerilya ing nguni
Tiyang kutho ngungsi teng ndeso

Si Kakang lan Mbakyu sing nampi
Lahir batin suko lan rilo
Njamin panggenan lan njamin tedhi
Luwung sanajan coro ndeso
Kocape mbiyen naliko kuwi
Sopo wonge podho rumongso
Terima kasih, ありがとう
Batine muni
Suk yen aman walesku opo

Tutuge dongeng puniki
Indonesia uwis merdhiko
Dikantheni tatanan adi
Ngajeni mring podho menungso
Welinge sing ndongengke niki
Yen Kakang lan Mbakyu teng kutho
Walese ojo nganti lali
Lan ojo disio-sio

Поcмотреть все песни артиста

Другие альбомы исполнителя

Похожие исполнители