Kishore Kumar Hits

Waldjinah - E Jamune текст песни

Исполнитель: Waldjinah

альбом: Koleksi Emas Ratu Langgam Jawa


E jamu, jamune
Badan sehat, awak kuat yen diombe
Mbakyu, mbakyu, sampeyan mriki, kulo tumbasi
Monggo, monggo, sing pahit nopo sing legi?
Legi wae, tambah eseme bakule
Jo sembrono, mas, dadi gawe
Biso bedo mas wekasane

E jamu, jamune cabe puyang
Awak mriang biso ilang
Mbakyu, mabakyu, tambah malih cabene puyang
Monggo, monggo, janji ora ndadak nganyang
Nganyang wae, wong pengin nyanding bakule
Ojo ngono, mas, ra prayogo
Ora jodo, mas, dadi loro

E jamu, jamune, jamu kates
Awak ethes sal lawase
Mbakyu, mbakyu, tambah malih jamune kates
Jamu kates, wong urip wajib sing bares
Bares wae, wong ngesir karo bakule
Ojo ngono, mas, rak ndrawasi
Yen mengkono, mas, didukani

E jamu, jamune beras kencur
Awak kujur dadi mujur
Mbakyu, mbakyu, tambah malih berase kencur
Monggo, monggo, manise koyo woh anggur
Yen kanggoku, sing manis kuwi sliramu
Opo tenan, mas, ngendikamu?
Yen guyonan, mas, ojo seru-seru

Поcмотреть все песни артиста

Другие альбомы исполнителя

Похожие исполнители