Kishore Kumar Hits

Koor Romo A. Soetanta SJ - Nderek Dewi Mariyah текст песни

Исполнитель: Koor Romo A. Soetanta SJ

альбом: Nderek Dewi Mariyah


Ndherek Dewi Maria
Temtu geng kang manah
Boten yen kuwatosa
Ibu njangkung tansah
Kanjeng Ratu ing Swarga
Amba sumarah samya
Sang Dewi Maria
Mangestonana
Sang Dewi Maria
Mangestonana
Nadyan manah getera
Dipun godha setan
Nanging batos engetnya
Wonten pitulungan
Wit sang Putri Maria
Mangsa tega anilar
Sang Dewi Maria
Mangestonana
Sang Dewi Maria
Mangestonana

Sembah bekti kawula, Dewi Maria, kekasihing Allah
Pangeran nunggil ing panjenengan dalem
Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak
Saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus
Dewi Maria, Ibuning Allah, kawula tiyang dosa
Sami nyuwun pangestu dalem
Samangke tuwin benjing dumugining pejah, amin

Menggah saking apesnya
Ngantos kelu setan
Boten yen ta ngantosa
Klantur babar pisan
Ugeripun nyenyuwun
Ibu tansah tetulung
Sang Dewi Maria
Mangestonana
Sang Dewi Maria
Mangestonana

Поcмотреть все песни артиста

Другие альбомы исполнителя

Похожие исполнители