Kishore Kumar Hits

Grems - Full HD текст песни

Исполнитель: Grems

альбом: Vampire


Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro,
Kelawan mekak howo, howo kang dhur angkoro,
Senadyan setan gentayangan tansah gawe rubedo,
Hinggo pupusing jaman,
Hamateg ingsun nyirep geni wiso murko,
Meper hardaning ponco saben ulesing netro,
Linambaran sih kawelasan,
Ingkang paring kamulyan sang hyang jati pengeran,
Jiwanggo kalbu samudro pepuntoning laku,
Tumuju dateng Gusti Dzat kang amurbo dumadi,
Manunggaling kawula Gusti krenteg ati bakal dumadi,
Mukti ingsun tanpo piranti,
Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito,
Maneko warno prodo mbangun projo sampurno,
Sengkolo tido mukso kolo bendu nyoto sirno,
Tyasing roso mardiko,
Mugiyo den sedyo pusoko kalimosodo,
Yekti dadi mustiko sak jroning jiwo rogo,
Bejo mulyo waskito digdoyo bowo leksono,
Byar manjing sigro-sigro,
Ampuh sepuh wutuh tan keno iso paneluh,
Gagah bungah sumringah nda-dar ing wayah-wayah,
Satrio toto sembodo wirotomo katon sewu kartiko,
Ketaman wahyu kolosebo,
Memuji ingsun kanti suwito linuhung,
Segoro gondo arum swuh rep dupo kumelun,
Ginulah niat ingsun hangidung sabdo kang luhur,
Titahing sang hyang agung,
Rembesing tresno tondo luhing netro roso,
Roso rasaning ati kadyo tirto kang suci,
Kawistoro jopo montro kondang dadi pepadang,
Palilahing sang hyang wenang,
Nowo dewo jawoto tali santiko bawono,
Prasido sidhikoro ing sasono asmoro loyo,
Sri nalendro kolosebo winisudo ing gegono,
Datan gingsir sewu warso ...

Поcмотреть все песни артиста

Другие альбомы исполнителя

9EM

2021 · сингл

Похожие исполнители

Rocé

Исполнитель

Flynt

Исполнитель

TTC

Исполнитель

ATK

Исполнитель

Nemir

Исполнитель

Fabe

Исполнитель

Ill.

Исполнитель