Kishore Kumar Hits

GNTZ - Sugeng Rawuh (Keroncong Version) текст песни

Исполнитель: GNTZ

альбом: Rap Mbluesuk


(Mas, ayo, Mas, foto di Jalan Malioboro, Mas)
Halo, Mister (iya?) Mau ke mana, Mister?
Saya antarkan ke Malioboro, beli oleh-oleh
Beli batik, mau ke Beringharjo bisa, atau ke Tugu
(Sorry, Mister, aku ra isa basa Jawa)
Oalah, ra isa basa Jawa, lah tapi kuwi isa mau
Hayo, piye toh Mister? (Aku wong Landa)
Wuh, wong Landa piye toh? Woh, ndagel iki
Sugeng enjing, sugeng rawuh saking Yogyakarta
Jalan-jalan, leren mangan, rasa istimewa
Aja lali oleh-olehe, borong semua
Sugeng tindak, sugeng kondur saking Yogyakarta
Ayo, padha ngalor, ana Gunung Kopi lan Lava Tour Merapi
Ora sah dha wedi, saiki kabeh wis safety
Aja ming fa-fi-fu, ayo, padha eh, ndang digas daripada selak kandas
Ja lali jadah ketan, tahu-tempe bacem rasane sing pedan
Borong salak Sleman
Mlaku rada ngetan jebul wis tekan Prambanan
Gawa kameramu, Ratu Boko menantimu
Sunset elok ning ngarepmu, gek di-upload ning story-mu
Enjoy (Yogyakarta), explore (Nusantara)
Iki Indonesia, diarani Tanah Surga
Tresna (Yogyakarta), tresna (Indonesia)
Kesel, ngelu, stres kabeh ilang merga dolan ning Yogyakarta
Kuthane ngangeni, wong-wongane rendah hati
Jogja Istimewa, ayo, kabeh dolan mriki
Ayo, plesir, nyenengke ati
Sugeng enjing, sugeng rawuh saking Yogyakarta
Jalan-jalan, leren mangan, rasa istimewa
Aja lali oleh-olehe, borong semua
Sugeng tindak, sugeng kondur saking Yogyakarta
Sesuke ya dha ngidul, njlajah Gunung Kidul
Tubing, Gua Pindul salah satu nilai unggul
Jajan sega abang, sayure lombok ijo
Lawuh walang goreng, ati-ati nek ra jodho
Ayo, dilanjut dolan ning pinggir laut
Panoramane Indrayanti pancen paling yahud
Ora pengin umum, mbok dha mrene dipun cobi
Ngejaka gendhakan, kanca dolan, ro family
Ja lali karo kulon, nyawang endahe sawah lan Bukit Kulon Progo
Bablas ra usah direm, teka-teka tekan Sermo, kabeh ijo royo-royo
Disawang seger ning mata (mantap, Co)
Kalibiru, Kedung Pedut santai wae ra sah mrengut
Lalekna suasana kutha sing macet semrawut
Selakna tuku geblek, nyamikan seka kana
Mlebu ning Kiskendo, pa munggah Suralaya?
Sugeng enjing, sugeng rawuh saking Yogyakarta
Jalan-jalan, leren mangan, rasa istimewa
Aja lali oleh-olehe, borong semua
Sugeng tindak, sugeng kondur saking Yogyakarta
Dolan ning Selarong, saksi perjuangan
Papane ning Bantul, paling mantul kulineran
Mangga, mubeng dhisik nikmati indahnya alam
Sisan nggawe konten dinggo YouTube lan Instagram
Munggah Hutan Pinus, munggah Bukit Bintang
Weteng krasa ngelih wayahe kabeh dha mangan
Dhahar sate klatak, ingkung ayam, bakmi Jawa
Ngunjuk wedang ronde, wedang jahe rasane (mantap jiwa!)
Malioboro, Selasa Wage aja nganthi tok liwatke
Mubeng Beringharjo, mampir tuku sate kere
Nyabrang alun-alun, sowan Sultan ning Keraton
Mlebu Taman Sari isa selfie karo guyon
Jogja Istimewa, ayo, mari kita jaga
Mari buat rumah kita tempat paling bahagia
Janganlah engkau lupa s'lalu taat tata krama
Kami tunggu kedatangan Teman-Teman semua
Sugeng enjing, sugeng rawuh saking Yogyakarta
Jalan-jalan, leren mangan, rasa istimewa
Aja lali oleh-olehe, borong semua
Sugeng tindak, sugeng kondur saking Yogyakarta
Kuthane cen istimewa
Rawuh malih dhateng Yogyakarta
Matur nuwun nggih, Mister
(Nggih, sami-sami, Mase, atos-atos, nggih)
Lho, isa basa Jawa toh saiki, Mister?
Woah, apik, saiki apik, Mister

Поcмотреть все песни артиста

Другие альбомы исполнителя

Похожие исполнители

NOK37

Исполнитель

Sun D

Исполнитель

Doyz

Исполнитель